005

header ads

Cerkak Tresna Kagawa Angslupe Sandyakala

 Tresna Kagawa Angslupe Sandyakala

Dening : Dyah Kurniawati

 


Ing kene nguntapake angslupe sandyakala

Sandyakala kang nggawa sakehing crita

Crita kang tansah katon saben saobahe raga

Kae delengen isih ana pepadhange candra

Pratandha isih ana kang bakal teka

Gusti wis paring dalan kanggo kita

Sing sabar ngadhepi sakabehing coba

Sandyakala kang tekane mung sedhela

Kasulistyane  mung sakedheping netra

Sandyakala kang gegulang manungsa kudu legawa

Legawa nalikane atiku katut kegawa angslupe sandyakala

Legawa nalikane sliramu digandheng wong liya

Senajan larane lara nembus jroning dhadha

Mugya bagya mulya nganti puputing yuswa

 

Bagus nyelehake pulpene ing dhuwur kertas karo drodosan. Eluh nelesi kertas kang isine gurit panjerite batin. Banyu mata tansah tumetes sawise weruh pepujane ati di lamar wong liya. Ora sumbut karo jeneng lan dedege sing gedhe dhuwur. Jare kanca-kancane nek juluki “Body Superman ning atine Hello Kitty”. 

Sajoge prastawa ing dina Jumuwah iku Bagus dadi nangisan kaya bocah cilik ngrengek nyuwun dolanan ora ditukokake. Ning sing dipengini dudu dolanan nanging katresnan. Tresnane ora katekan sedyane mung dipendhem ing ati. Urung nganti diwedharake rasa sing kapendhem iku jugar tengah dalan. Pikirane temlawung adoh ing jaba jendela sing tembus sawah mburi omah. Udan riwis-riwis nambahi pangrasane tansaya keiris-iris. Ah....

Bagus ora eling kapan wiwitane seneng karo Wikan  tangga kidul omah iku. Senajan ora sabarakan nanging rasa tresna iki saya ndadra. Bocah wadon pawakan lencir iku sakjane ora ayu ning ireng manis. Cilikane digendhongi saiki malah mbeda ati. Umure luwih enom 5 taun karo dheweke. 

Rasa iku wiwit semi nalika asring nggodhani Wikan kang rambute brintik. Biyen seneng nyegat yen Wikan ngliwati omahe kang keletan limang omah iku. Yen wis weruh kledhange bocah ireng manis iku mesthi mbeda, kriwul...kriwul...kriwul. Padatane Wikan banjur maksleyot mlayu mbalik ora sida liwat omahe Bagus. Iku wis bisa gawe marem atine Bagus, seneng ndeleng plerokan karo mecucune. Amarga asring ngelokne iku wusanane kena kutukan banjur katon-katonen saben sakedhepe netra.

Nalika tresnane nedheng-nedhenge mekar Bagus kepeksa kost ing kutha lan mulih kampung seminggu pisan, njalari  arang ndeleng plerokan karo mecucune Wikan. Nalika iku Wikan isih SD. Arep medharake rasa iku kok durung wayahe. Ibarate sing arep nampa tresnane sisi bae durung isa  hehe. Sawise lulus SMA Bagus nerusake kuliah ana Surabaya. Wikan ganti nerusake SMA ana ing kutha lan kost. Jelalah kuliahe Bagus ora lulus-lulus amarga disambi nyambut-gawe. 

Kabare  Wikan uga nerusake kuliah ing Surabaya. Bagus wiwit golek sisik melik kostane Wikan,  tibake cedhak banget karo panggonane kerja. Bola-bali yen wayah prei kerja Bagus sliweran ana ing sacedhake kampuse Wikan. Padhatane mangkal neng warnet sinambi ngetik skripsi sing kari revisi. Bagus ya wis nate nggoleki kostane cah ireng manis iku, nanging bareng wis tekan ngarep pager banjur mangu-mangu, bingung gek njur arep omong apa. Sidane niyat methuki pepujane ati mung dipendhem dhewe. Wiwit iku Bagus janji arep sengkud olehe nyambut gawe lan kudu lulus taun iki. Rasa kangen marang Wikan mung dipendhem didadekake semangate nyambut-gawe. Gegadhangane yen sukses ndang nglamar Wikan didadekake sigarane nyawa sateruse.

*****

Dina iki genep 3 tahun saka kedadeyan ing ngarep kost Wikan. Amarga wis dirasa cukup celengane,  Bagus jupuk cuti arep mulih ing desa ngendhangi wong tuwane sing wis  bola-bali telp ngarep-ngarep baline. Sing wigati mulihe iki diniyati arep sowan menyang omahe wong tuwane Wikan saperlu nglamar . 

Wong tuwane Wikan wis kaya ibuke dhewe,  sasuwene iki tansah menehi panjurung marang Bagus supaya nerusake kuliyah. Biyen sadurunge kerja, saben wulan tansah menehi tambahan sangu marang dheweke. Bagas rumangsa utang budi karo wong tuwa sing kulina diundang Budhe In. 

Jumuwah jam 3 sore Bagas wis dandan gantheng. Nganggo clana jeans dhuwuran kaos biru dongker kanthi tulisan “SEMANGAT”. Sawise dirasa cukup anggone nliti barange banjur dilebokne Alpard sing isih kinyis-kinyis gress amarga lagi manggon ing garasine Bagus wulan wingi. Olehe pengin mobil iki direwangi lembur awan bengi supaya bisa ndang mboyong gegantilane atine. Elek-elek ya wis nyicil omah masiya mung cilik, ning paling ora wis ora kontrak utawa kost maneh.

Dideleng saka kacukupan materi, Bagus wis siap banget kari nunggu ibu rumah tangga sing bakal nglairake anak-anake besuk. Karo rengeng-rengeng nyanyi “Ngawi Nagih Janji”ne Deny Caknan mobil dilakokne  alon-alon lan ora lali mampir tuku oleh-oleh jajanan khas Surabaya.

Jam 6 sore Bagas wis tekan omahe wong tuwane neng desa. Sawise adus lan mari kesele Bagus ditimbali simbok ngancani bapake dhahar.

“Le, kene kancani Bapakmu dhahar, awakmu mesisan maem,” ngendikane simbok karo nata dhaharan ing meja.

“Iki lo jangan lodheh kenthang lan tempe bosok karemanmu,”  bapake nambahi sinambi nyruput kopi.

“Wuih, mpun dangu kula boten maem jangan ngeten niki hlo Mbok.” Karo nggeret kursi Bagas wis kemecer, ngeleg idu.

Ora gantalan suwe dheweke gage nyendhok sega sing wis diimbuhi simboke mau. Olehe telap-telep kaya wis sesasi ora kambon sega bae. Kawit biyen pancen senengane jangan lombok yaiku kenthang dicampur tempe bosok nyemek-nyemek santen  ditambahi pete lan lomboke diutuhne. Nganti saiki durung ana sing isa nandhingi enake jangan iki. 

Karo ngeses kepedhesen amarga nglethus lombok, Bagas takon simboke, “ Hla simbok napa pirsa yen kula badhe wangsul, kok dimasakne jangan joss gandhos ngeten niki.”

“Kuwi mau leh ngeteri ibuke Wikan karo jadah jenang, jadahe dibakar sesuk esuk bae nggo kanca ngopi,” ngendikane simboke sing njalari Bagas trataban.

“La kok ater-ater kagungan kersa napa Budhe In?” Bagas takon sinambi nyawang simbok semune kaya detektif. Karo ngempet tratabane atine sing dhag-dhig-dhug ora karuan. 

“Arep duwe gawe, sesuk Wikan ijaban.” Simboke nyauri kanthi kalem nanging kayadene bledheg nyamber sirahe Bagas. Makdheg, mak tratab, sakala banyu putih sing lagi diombe nyemprot ambyar ing piring ngarepe Bagas. 

“Walah, ana apa le, ati-ati ta nek nyruput.” Simbok kaget banjur ngelus-ngelus gegere Bagas. 

Donya rasane kiyamat, wis ora kuwat ngglawat. Sanalika pucet cahyane, malik grembyang karo cahya sing sumringah nemu jangan lombok mau. Mak Peeeet...peteng dhedhet. 

*****

Cuthel

Madiun, 9 Nopember 2021

# Cerkak iki nate kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No.29 tanggal 16 Juli 2022 kaca.42 kanthi irah-irahan “Tresna Kang Kandhas”.




Ngenani Penulis

Dyah Kurniawati, lair lan mapan ing Madiun. Kasenengane maca fiksi wiwit isih nganggo seragam putih abang ing SDN Kuwiran taun 1985-1991. Wektu iku ibune uga ngasta ing SD lan yen kondur mesthi ngasta buku wacan. Prasasat buku ing perpustakaan sekolahane wis dileg kabeh. Banjur nerusake ing SMPN 1 Wungu, sajane wektu iku wis duwe krenteg nulis nanging mung disimpen ana buku diaryne. Nyasar sekolah Ing Jember setaun lan baleni maneh klas 1 ing SMEA Negeri 1 (SMKN 2) jurusan Akuntansi. Nalika klas 2 ( taun 1996-1997) tulisane nate kapacak ing rubrik Taman Putra kalawarti Jaya Baya, nanging lali judhule lan ora nyimpen kalawartine.

Seneng maca basa Jawa wiwit cilik amerga ing kluwargane wektu iku langganan kalawarti Jaya Baya. Nate duwe gegayuhan dadi wartawan abasa Jawa, mula banjur nerusake ing jurusan Pendidikan Basa Jawa UNESA, masiya sadurunge keblasuk ing jurusan Pend. Bahasa & Sastra Indonesia. 

Alesan repot organisasi dadi ora aktif nulis, kasambung omah-omah karo Tri Sidha Winantu. Banjur kasusul laire anugrah saka Gusti yaiku Muhammad Irham Naufal, Muhammad Fahmi Baihaqi, Muhammad Nafis Hilmi lan Muhammad Haikal Fahri. Tansaya nambahi alesane wegah nulis maneh.

Wanita kang saiki ngabdi ing MTsN Kota Madiun iki gragapan nulis maneh nalika jaman virus corona nrajang donya lan sekolah daring banget bosenake. Tulisane wiwit kapacak ing Homagi Magazine ( Sumirat Soroting Bagaskara), Jaya Baya ( Ulangan Daring, Seneng Ngluyur, Kleru Sekolah, Ditukoni Ora Oleh, Merdeka Belajar) , Panjebar Semangat  ( Tresna Kang Kandhas, Pupusing Pangangen Semu, Dina Muleg Sadonya, Nyolong Bojone Wong), Djaka Lodhang (Mapag Tumekane Warsa 2022, Coro Kethon), Madinah ( Sumirat Soroting Srengenge),  lan media online  Lensa Sastra ( Bakul Tomat Nyalawadi, Ngluru Dununging Kamulyan, Ngranggeh Kabagyan, Nuladha Sunare Bagaskara, Gurit Panglipur Wuyung, Gegadhangan Ing Pesisir Pelang), Negeri Kertas ( Jatuh Hati 1 /Terbaik-ANUGERAH SASTRA KAMARDHIKAN NEGERI KERTAS, HUT Kemerdekaan Republik Indonesia  Kaping-77, Jatuh Hati 2, Jatuh Hati 3, Jatuh Hati 4, Jatuh Hati 5, Jatuh Hati 6, Jatuh Hati 7, Jatuh Hati 8,Jatuh Hati 9,  Jodoh Dalam Wasiat, Misteri Kehilangan Kinanti, Sandyakala Ndayani Rasa, Rasa Hati Pahlawan). 

Uga melu urun ing buku antologi bebarengan yaiku: Mak Bedunduk Bagong Kejegur Impen ( Matur Nuwun 2021, Pupusing Jiwangga, Sumirat Soroting Bagaskara), Romansa Mata Embun ( Jodoh Dalam Wasiat), Mak Sengkring Unggah-Ungguh Basa Jawa Ing Pasrawungan (Sinau Aksara Jawa Migunakake Piranti Digital), Cabar Rasa Jiwa Di Jalan Puisi (Puisi Dan Desahan Jiwa), Semplah Jejeg Nguleg Bawana-Antologi Parikan, Keluarga Harta Paling Berharga (Sungkem), Layang Wasiat Saka Ngimbang Tekan Vatikan ( Berkah Pandemi), Pernak-Pernik Kota Madiun ( Pecel Madiun Selayaknya Candu, Batik Kota Madiun Menembus Cakrawala, Makna Filosofis Sambung Tuwuh Dalam Acara Madiun Mantu).

Para maos bisa sesambungan lumantar FB: Dyah Kurniawati, IG: Dyah Markonah, lan nomor WA: 082301278565.

 

 


Posting Komentar

0 Komentar