005

header ads

Sandyakala Ndayani Rasa | Dyah Kurniawati

 Gurit kagem  W. Tanjung Files

 

 

Sandyakala Ndayani Rasa 

 

pepanggihan wanci sandyawela wingi amung sakedhepe netra

nanging kasil ndhudhah rasa kang kinubur mangsa

rasa kanggo nyebarake rasa kaya apa kang dakrasa

gegayuhan puluhan warsa kapungkur bali  njenggelek

angawe-awe ing ngarsane aksa 

angreridhu sajroning supena

gumuruh swara jero jaja

ngudhalake sakabeh panjangka

kumudu mlayu nanging ora keplayu

dakcoba ngranggeh tansaya nyata sakehe panggodha

ajar  miber ning kesangsang ing pucuking mega

muntub malah ambles ing suwalike bantala

munggah antarala kepontal tumekan dhasaring samodra

lan, sasuwene iki angen iku mung dadi pangangen 

 

patemon kang mbarengi angslupe sandyakala

muga minangka pratandha mletheke bagaskara

dadi srana amiwiti dina 

merdi  lestarine seni, sastra lan budaya ing bumi nuswantara

rasamu uga rasaku amung siji

bebarengan nyekseni eseme bagaskara saka brang wetan

sumunar madhangi jagad gumelar

gereten aku, Dhimas Tanjung

nututi wangine kembang tanjung sumebar kagawa samirana

senadyan wangine kasil nganglang jagad mokal kagayuh

dakcoba ngaras wangine sekar tanjung saka kene

sajroning ngempet rasa dakselipi donga

enggal kasedya nyawijine rasa agawe tentreming sasama

mugi rahayu sagung dumadi

 

 

Pinggir sawah panggah mewah, 7-8-2022

(Jujur, gurit iki katulis sinambi  dleweran luh ngempet sakehing rasa kairing  “Album Fileski”)


Dyah Kurniawati

Penikmat seni dan sastra, juga sedang  menebarkan rasa itu.

Pegiat aksara Jawa ini sekarang mengabdi di MTsN Kota Madiun. 



Posting Komentar

0 Komentar