005

header ads

SREGEP SINAU | Puisi Heru Patria

ora ana crirane wong bisa pinter

tanpa sregep sinau kanthi bener

jalaran gegayuhan ora bisa kauber

yen sinaune tansah mbeler

kalah rikat ambi laler

sing arep digepyok sada saeler 


sinau ngono wis dadi kewajibane bocah sekolah 

kudu sregep yen pengin tansah munggah

sinau ora usah ngenteni diprintah

jalaran golek kapinteran ancen susah 

aja mung tumindak nggedabyah

amrih masa depan bisa endah 


sinau ora saderma maca lan nulis 

apalan lan itung itungan ya kudu wasis

yen durung bisa ora usah nangis

becik mbaleni tanpa uwis 


sregep sinau minangka dalan 

amrih mbesok bisa nemu kabegjan

aja isin takon yen durung bisa

supaya biji ulangan ora gawe gela


Swara Sastra Jawa, 2025



Heru Patria, novelis saka kutha Blitar sing uga seneng nulis cerpen lan puisi. Saliyane nulis nganggo basa Indonesia, dheweke uga nulis karya basa Jawa. Karya basa Jawa anggitane arupa gurit, wacan bocah, crita cekak, crita musteri wis kapacak ana ing Majalah Jayabaya, Panjebar Semangat, Djaka Lodang, Koran Solopos, jelata. co, Luteranesia.com, lan Suara Merdeka. Ing Blitar dheweke uga mandegani paguyuban Swara Sastra Jawa. 


Yen pengin tetepungan ambi penulis kang nampa Anugerah Sutasoma 2024 iki bisa lumantar FB. Heru Patria IG. @heru.patria.54 X. @HERUPATRIA3 email. herupatria9@gmail.com, utawa WA. 08157465016



Posting Komentar

0 Komentar