005

header ads

Geguritan | Anas Yusuf


TEMPE, HECI, LAN TAHU ISI
(Cerita cekak kanggo Kanjenge)

tempe, heci, lan tahu isi
omben-ombene samangkok cendhol dhawet
ungkep hawa kang lagi ngekep dina selasa iki
andadekna badan sakujur adus kringet
syukur alhamdulillah...
warung pinggir dalan iki
kena nggo sedhela ngiyup
sinambi ngudhari benang kang lagi ruwet

tempe, heci, lan tahu isi
omben-ombene samangkok cendhol dhawet
saka warung pinggir dalan iki 
dak enteni esemmu sing kaling-kalingan kaca swalayan indomart

Anas Yusuf
7 Februari 2022

Posting Komentar

0 Komentar