005

header ads

Shanti Rochmatin : Puisi

 SETYA


Shanti Rochmatin



Ora selawase godhong bakal setya marang pang

Nanging bakal kumleyang tumiba

Banjur nggegana tumiyup angin

Ninggal tapak edhum kang endah kapiarsi


Ora selawase putih bakal ngebaki mega

Nanging peteng lan klawu dadi mustaka ing dhuwur kana

Ngedhunke tirta wening bebarengan ruminthike grimis


Ora selawase aku ngancani ing kene

Nanging aku bakal tuna rungu marang tetembungan apuramu

Aku bakal bisu marang atur panuwunmu

Amarga tatu

Nanging aku ora wuta marang apus apusmu


Yen bagaskara bisa musna saka parak isuk

Yen dhung ndhung kluwung bisa ndelik ing derese udan

Banjur pangrasa iki uga bisa lunga adoh saka atimu


Magetan, 07032022


Shanti Rochmatin lahir di Magetan 15 Januari 1985. Memiliki perhatian besar terhadap kelestarian budaya dan sastra Jawa. Berdomisili di Desa Sidomulyo Kecamatan Sidorejo Kabupaten Magetan. Bisa mengunjungi akun FB Prameswari Iswara atau di IG @puspamawar_merah




Posting Komentar

0 Komentar